Minggu, 01 Agustus 2010

Balik maning aring Batur raden





Ala kadare wong banyumas,mbokaa ngenger nang ngendi panggone,mesti eling karo Batur raden,papan pariwisatane sing asri,nang ereng-erenge gunung slamet.
Kiye critane aku wingi tes tilik maning,kayangapa asrine pemandangan Batur raden sing wis 8taun ra tau tek tiliki mergane nyong golet duit nang surabaya.
jebulane teksih seger hawane,teksih asri pemandangane,teksih panas banyune pancuran pitu.
Apamaning pas ketemu bahasa ngapak'e,jiannn...,merkna kangen kpengin nang banyumas baen koh.
Kadang cokan gumun,knangapa bocah nom-noman siki koh malah pada isin nganggo bahasa ngapak.
paling rung pada ngrasakna kangene karo bahasa ngapak sing lagi tek lakoni,urip nang perantoan ra tau teyeng bali.
mulane,ayuh para sedulur sing pada rumangsa lair nang tlatah ngapak,lestarikna bahasa ngapak,aja pada isin karo duweke dewek,ya kue bahasa ngapak.